Home Seni & Budaya Sang pemomong istlah Jawi

Sang pemomong istlah Jawi

Guru sejati

207
0
SHARE
Sang pemomong istlah Jawi

Keterangan Gambar : Sang guru sejati

Nusa.com kasêbut pancer utawi guru jati. Ingkang jumeneng minangka pangamping lan panuntun suksma. 

 

Ingkang siniram “tirta suci” dening guru sejati, satêmah sukma dumadi sukma sejati. Wontên ing mriki kinawêruhan Guru sejati nggadhahi piguna minangka  sumber “dian pangirupan”. 

Guru Sejati pantês kapitaya minangka “guru” jalaran asipat teguh lan darbé yektining “wewatak” Pangéran (aluning kabecikan) ingkang langgêng jejeg datan éwah gingsir. Ingkang minangka wujud saking rahsa/rasa/sirr ingkang sumbêripun saking karsaning Hyang Sukma ingkang sinebat Rasa Sejati (sirrullah). Satêmah datan mamang malih ménawi kridhanipun Guru Sejati  badhé mahanani daya pangirupan ingkang suci (roh suci/ruhul kuddus) ingkang sampun manggihaken satunggaling pitedah sayekti ingkang dhapukanipun minangka "Dhutaning Jawata". Jiwa, hawa utawi kanêpson ingkang  kinukuhaken déning sukma sejati kasebut ugi minangka an-nafs an-natiqah, minangka an-nafs al-muthmainah, (jiwa kang tentrem) kang dados panuntun dhatêng jiwa/nafs/hawa. Jiwa kedah kaamping déning Guru Sejati jalaran jiwa punikå sagêd dipun kawonakên déning nafsu ingkang mijil saking jasad/raga/ manungsa. Jiwa ingkang katêlukaken déning nafsu namung badhé ewah watakipun dados durjånå.

 

Midhèrèk ngelmu Jawi, ngilmu satunggaling tiyang sampun kawastanan nggayuh pucukipun mênawi sampun sagêd pinanggih wujud Guru Sejati. 

Guru Sejati yektos sagêd mancaka jêroning wujud “alus”, hirib-irib kados dhiri pribadi. Sagêd ugi sapérangan pamaos ingkang budiman wontên ingkang kanthi sinêdya utawi boten naté mrésani, geguneman, utawi saukur mrésani badan piyambak katingal njilma dados kalih, kadya wontên ing ngajêngan pangilon. Punika ingkang kawastanan Guru Sejati panjênêngan. Utawi kagêm ingkang kwawi ngraga sukma, pramila badhé mrésani kembaranipun ingkang mirip sukma utawi badan halusipun piyambak. 

 

Amargi Guru Sejati nggadhahi watak Pangeran, pramila samudaya piwêjangipun  badhé tansah bênêr ugi pênêr. Boten badhé nyasarakên. Pramila saking punika kagem ingkang sagêd pêpanggihan dhatêng Guru Sejati, piwêjangipun pantês dipun anut. Kagêm ingkang dèrèng sagêd pêpanggihan dhatêng Guru Sejati, panjênêngan ampun sumelang, amargi Guru Sejati badhé tansah ngintun sasmita arupi getering manah panjenengan.  

???? Panjenengan sagêd niti suwanten manah pribadi kagêm nggayuh wigatosing pitêdah mbengkas samudaya pêrkawis ingkang nggubêt ing panggesangan panjênêngan.

 Ananging, mênawi kita kirang ngasah landhepipun manah, badhé rekaos kanggé mbèntênakên punåpå ingkang kita raosaken wujudipun karsaning rahsa utawi hawa nêpsu (rahsaning karep). Têgêsipun, Guru Sejati ngewahakên suwanten manah ingkang kinawêruhan minangka  karsaning rahsa utawi pitêdahipun Gusti Pangeran, wondéné hawa nepsu mbotên sanés namung rahsaning karep utawi raos pikajêngan.

Sarat utama kita pepanggihan dhatêng Guru Sejati kita nuninggih kanthi (tarak brata) lakuprihatin ; 

• Tansah olah rahsa, mesu budi, maladihening, ngolah batin kanthi cara memetri hati saking hawa nepsu, lan ngrêksa kasucèn jiwa lan raga. Jalaran paraga ingkang sagêd pêpanggihan tanpa sulih kêlawan Guru Sejatinipun pribadi, hanamung têtiyang ingkang pinilih.

 

???? SEDULUR PAPAT LIMA PANCER

 

Utawi nêr ing sekawan saha gangsal Pancer, ing pérangan kang wênèh tinêgêsan ugi minangka pasadaran jagad alit. Ing dalêm pribadi Jalma Manungsa (inner world) sedulur papat minangka pralambang sekawan perangan ing badan manungsa ingkang ngiring têtiyang sakawit nalika mijil ing salumahing bumi. Sadèrèngipun sang bayi lahir badhé kapurwakan dening mêdalipun toya kawah. Sasampunipun bayi mijil saking guwa garbanipun wibu, badhé énggal kasusul déning ari-ari. Nalika mêkatên bayi lahir ugi sinartan mêdalipun ludira lan daging. Pramila sedulur papat karakit saking péranganipun kawah minangka kakang, ari-ari minangka adhi, lan ludira-daging minangka dulur kembarnya. Mênawi sekawan perangan punikå kaswijekakên mila dumados raga, ingkang salajengipun kagesangaken déning suksma minangka pérangan kagangsal nuninggih pancer. Rancang galih kasêbat lajêng magêpokan kaliyan sejating panuwun ; ing dalêm kawêruh wangsa Jawi dunga ngrupèakên krêntêg utawi golong giligipun tekad ingkang kêdah ngèmbètakên pêranganipun samudaya péranganipun raga lan jiwa kanthi sayuk. Pramila kanggé ngawiti satunggaling pakaryan kasêbat mêrlokaken sikêp amatêg aji utawi citraning kaantêbanng krêntêg ati ingkang dados kawitanipun samudaya kridha. Ingkang makatên punika pawadan ing dalêm pêngadatan Jawi kagêm ngawiti satunggaling pakaryan awrat utawi ènthèng kedah kinanthi  pangucap ; kakang kawah adhi ari-ari, kadangku kang lahir nunggal sedina lan kadangku kang lahir nunggal sawengi, sedulurku papat kiblat, kelima pancer…ewang-ewangana aku..saperlu ana gawe ….

 

????OLAH GURU SEJATI

 

Guru Sejati nuninggih rahsa sejati; manjing jroning sukma jati, utawi sukma suci. Kita  andayagina-akên Guru Sejati kita kinanthi ngênêr mengarahkan kekiyatan batos sedulur papat (ing dalem kukuban jagad alit) kanggé piranti murih tansah mulat lan ampun ngantos têluk dèning hawa nêpsu. Sinartan manunggalaken daya  kekiyatan jagad alit lan kekiyatan jagad agung nuninggih papat keblat alam samasta ingkang arupi daya alam saking sekawan nêring bayu, lajeng nglebur manjing ing daya pancer ingkang asifat muthlak (transenden) (Hyang Widdhi Wasse). Saben têtiyang sagêd pinanggih Guru Sejatinya, kanthi syarat kwawi ngendhalèni  hawa nepsu ingkang awon ; nafsu lauwamah (nafsu serakah, cluthak ; mangan, nginum, kabutuhan syahwat), amarah (nafsu angkara murka), supiyah (mbujung kanikmatan duniawi) an nggayuh nepsu ingkang saé (almutmainah). Satêmah jiwa lan raga hawa nepsu ingkang kedah anut karsaning sukma sejati kanggé njumbuhaken alunipun kaliyan alun Hyang Maha Suci. Sukma dumadi suci tatkala sukma kita jumbuh kaliyan watak lan jatining alun Hyang Maha Suci, ingkang sampun manjing jatinipun watak sang Guru Sejati. Nuninggih sifat-sifat Sang Khaliq ingkang sakedhikipun kasêrat 20 sifat. Peleburan punikå salebetipun makna Jawi kasêbat manunggaling kawula-Gusti.

????????????

 

Pêngadatan Jawi ngandharakên tatacara awangun sukma sejati kanthi cara ‘manunggaling kawula Gusti’ utawi gathukipun watak titah kaliyan Sang Pancipta (wahdatul wujud). Kadi déné kêris manjing ing warangka manungsa manjing manjing jroning wataking “Gusti”, kadya Arya Sena manjing jroning raga Dewaruci. Utawi sawalikipun, Gusti ingkang nitis ing dhiri manungsa ; curiga manjing ing warangka, kadya Dewa Wishnu nitis jroning angga Prabu Kreshna.

Minangka upaya manunggaling kawula gusti, jangkeping pangupaya sakawit linampahan kados mesu budi, maladihening, tarak brata, tapa brata, puja brata, wangun ing jroning tilam, sembah Hyang jroning makarya. Ancasipun supados nggayuh tataran sayekti  kanthi nilar nepsu lauwamah, amarah, supiyah, lan nggayuh nepsu mutmainah. Wangsa Jawi ngandharaken bilih  sepanjangipun gesang manungsa mila becik kadya ing salebeting “wulan suci Ramadhan”. Têgêsipun, grengseng lan grêgêt nindakaken kabêcikan, ngrangket setan (hawa nepsu) mila becikipun katindakaken sedangu gesangipun, boten namung sewulan jroning sawarsa. Purna pawasa lajêng ucul kendali malih. Ginayuhipun gesang jalma manungsa ing tataran margi sayekti kinanthi ajêg badhé pikantuk bêbana arupi kasucen ngilmu kawaskithan. Satunggaling wanci samangkih, mênawi Gusti sampun nggarisaken karsaNipun, manungsa sagêd ‘nyelêm’ ing tataran paling inggil makna kodratullah. Nuninggih wosipun wêrdi manunggaling kawula Gusti minangka piwucal ajaran landhêsanipun ngilmu Wangsa Jawi ingkang manjing saha ngrasuk ing sadhengah agami mliginipun salebetipun piwucal Syeh Siti Jenar. "Manunggling Kawula Gusti". 

 

???? SASMITA GINAYUHIPUN RASA JATI

Kasilipun olah Guru Sejati, tataranipun badhé ginayuh nalika kita sampun yektos ‘ucul’ saking pangrèhipun pikajêngan raga. Nuninggih jiwa ingkang sampun mardika saking pangrèhipun raga boten ateges kita kedah nilaraken samudaya kridhaning panggesangan duniawi, punikå lepat !! Sawalikipun, panggesangan duniawi dados pawitan utawi sangu utama kanggé nggayuh kamulyan saé ing dunya utawi mbénjang sasampunipun ajal dugi. Mila samudaya kridhaning panggesangan dunyawi sampun boten kacamah déning hawa nepsu. Kabecikan ingkang katindakaken boten linandhêsan “pamrih”; sinadyan kanthi ngajêng-ajeng iming-iming ganjaran-surga, utawi ajrih ancamaning dosa-naraka. Ananging kasadaran jagad agung lan jagad alit minangka garisipun titahing Gusti, ingkang mapanakên dhiri minangka satruNipun, ananging minangka titah sawantah.  

 Pangucapipun saumpami “idu geni” ingkang kocap mêsthi kawujud. 

????

Trap-trapanipun gayuh  “ngilmu batin” kanthi sasmita mênawi kita sagêd manggihi wujud “dhiri” pribadi kita, ingkang minangka Guru Sejati kita. Linangkung saking punika, sagêd pari catur kaliyan Guru Sejati kanggé midhangetaken piwêjang-piwêjang, saha pituwahipun. Guru sejati minangka “mursyid” ingkang botên badhé matur dora ugi nyasarakên, amargi 

Guru Sejati punika pangejawantahan saking Gusti Hyang Agung. Ing mriki kita sampun parêk kaliyan lurung ’sastra jendra hayuning rat’ nuninggih ngilmu linuwih, “wibu” saking samudaya cawang ngilmu, amargi netra (batin) kita badhé nyumerapi punapa kémawon ingkang dados rahsaning rat pramudhita, sinadyan katutup dening pandulu ragawi manungsa utawi ngilmu tatalair.

Sasmitaning panggayuh antawisipun, terkadhang satunggaling tiyang pikantuk palilah déning Gusti kanggé ngawêruhi   perkawis ingkang badhé dumadi ing wanci ingkang badhé dhatêng, lumantar pasumpênan, utawi getering manah. Samudaya punika ngrupèakên pitêdah saking Gusti. Pramila boten aeng mênawi wanci kawuri para leluhur bumi Nuswantara kita ingkang pikantuk kawaskithan, lajêng ngêwrat dhatêng mapintên anggitan karyå sastra kuna arupi ; suluk, serat, lan panjangka utawi ramalan. Jangka utawi ramalan katampi minangka budaya Jawi saha nugraha agung saking ngarsa dalêm Gusti, kepara kaanggap  minangka pêpèngêting Gusti supados manungsa sagêd niti-niti dhatêng pribadinipun, lan tansah mulat ing sarira.

 

????WIGATOSIPUN GURU SEJATI 

 

Guru Sejati badhé tansah asung pêpèngêt dhatêng kita maring pancabaya ingkang ngancam dhiri kita. Guru Sejati badhé  ngarahaken kita supados tinêbihakên saking samudaya bebaya, lan cara ingkang kêdah linampahan. Sebab Guru Sejati ngrupèakên pancaran cahyaning Gusti Allah.[][][]MR