
Keterangan Gambar : Pustaka
Nusa.Com-NAGARA KARTAGAMA mengku suraos Nagari kanthi pangadatan ( agama ) ingkang suci.
Pustaka punika kawitanipun dipun panggihaken ing warsa 1894 ing kedhaton Raja Lombok. Satunggaling paraga panaliti kanthi nama J.L.A Brandes ngrêksa pustaka punika sadèrèngipun kaobong ing sartanipun sêdaya pustaka ing pustaka wahana kraton. Sêsêratan punika minangka sêsêratan tunggal ingkang kasil kapanggihaken lan wilujěng sasampunipun paripurna kasêrat ing warsa 1365.
Pustaka punika kasêrat déning Mpu Prapanca ingkang ngrupèakên nami singidan saking DANG ACARYA NARÉNDRA. Satunggaling paraga mantên pênghagêng agami Buddha ing Kraton Majapahit nalika Prabu Hayam Wuruk jumênêng nata. Pustaka ingkang ngrupèakên geguritan kina Jawi utawi kakawin puniki nyariosaken kawijayan Keraton Majapahit nalika sêmantên. Salah satunggaling babagan wewengkon kakuwasan lan ugi kekancingan kulawangsa raja. Kapanggihipun pustaka punikå minangka bukti mênawi ing wanci kawuri, Nuswantara naté jumênêng keraton pinunjul kanthi pangadatan tataran inggil.
2). PUSTAKA SUTASOMA
PUSTAKA SUTASOMA nuninggih satunggaling kakawin utawi gurit Jawi Kina ingkang ngêwrat sêkathahipun gatra.
Satunggaling paraga ingkang nganggit pustaka punikå satemah kawentar dumugi sapunika nuninggih Empu Tantular. Piyambakipun kapiji dening Hayam Wuruk ingkang wekdal semanten taksih dados raja. Pustaka punika ngêwrat kathahipun mapintên babagan pinunjul ingkang taksih kaginakakên dumugi sapunika.
Nuninggih arupi SASANTI wangsa Indonesia ingkang kapêthik saking pustaka ingkang karipta ing abad ke-14 :
"BHINNEKA TUNGGAL IKA" ingkang atêgês "MABENTEN-BENTEN NANGING PANGGAH NYAWIJI" minangka pethikan gatra saking pustaka punika. Karya sastra punika ugi ngêwrat kathahipun piwêjang ingkang kinarta aji. Salah satunggalipun nuninggih murugaken patêpan ing agami. Satunggaling perkawis ingkang wanci punika sampun milai luntur.
Mênawi pustaka punika taksih dipun wucalaken dumugi sapunika, sagêd ugi Indonesia badhé dados negari ingkang tentrem. Tebih saking pasulayan kadi ingkang dumadi ing sapérangan wewengkon negari kita Indonésia wekdal puniki.
3). PUSTAKA ARJUNA WIWAHA
Arjuna Wiwaha satunggaling karya sastra kina ingkang kinarya lan kaanggit kawitan ing abad 11 masehi. Satunggaling empu kanthi nama " Kanwa " nyerataken nailka jaman jumênêngipun Prabu Airlangga ingkang angratoni Jawa Timur udakawis warsa 1019-1042. Sastra punika dados pusaka kaaji jalaran dados bukti tatacara panggesangan manungsa jaman kawuri ingkang kanyata sampun majeng. Kepara sampun ngaweruhi waos-serat sênadyan namung ing kalangan tartamtu kemawon.
Pustaka Arjuna Wiwaha
Pustaka ingkang arupi kakawin punika ngêwrat gurit magayutan kaliyan labuh labetipun Arjuna. Satunggaling paraga paringgitan ingkang pinunjul.
Kacariyos Arjuna nêmbé mertapa ing arga Mahameru. Dewa asung pacoban kanthi ngintun pitung widadari ingkang sulistya ing warni. Widadari punika kinèn ngrêridhu, nanging Arjuna lulus saking pacoban. Wusananipun Arjuna kinèn mbengkas rasêksa ingkang mengamuk ing kayangan. Amargi kasil piyambakipun kepareng ndhaup pitung widadari ingkang ngrêridhu kalawau.
4). SERAT CENTHINI
Utawi kanthi jeneng sanés Suluk Tembang raras minangka satunggaling karya sastra ingkang paling ageng salebetipun kasusastran Jawa Énggal. Ing salêbêtipun pustaka punika kathah sangêt kasimpên pangadatan, ngilmu kawêruh, lan kathah bab ingkang wekdal semanten kasumanggakaken badhé curês.
Nuninggih Pakubuwana ke-V ingkang darbé pamanggih ngimpun samudaya budaya lan pangadatan saking Jawi punika dados satunggaling serat ingkang ngewrat tetembangan.
Serat Centhini
kasêngguh serat punika kinarya ing madyaning abad ke-18 dumugi purwaning abad -19. Pakubuwana kaping -V binantu tiga paraga pujangga kraton nglêmpakakên samudaya anggitan murih botên curês. Pujangga kraton punika kinèn ngulandara lan nyêrat akên samukawis ingkang magepokan kaliyan kabudayan lan ugi pangadatan sapapan. Wanci punika Serat Centhini sampun karakit lan kinarya gagrag enggal déning mapintên paraga. Kepara wontên ingkang kadamel waosan tigang panthan supados gampil dipun pahami.
5) LA GALIGO
La Galigo minangka karya sastra paling panjang ing dunya wanci puniki. Ngêwrat udakawis 6.000 kaca, lan 300.000 gatra ndadosakên La Galigo kaalem ing dunya. Karya punika kaanggit udakawis abad kaping-13 lan kaping-15 masehi déning wangsa Bugis Kina. Aksara ingkang kaginakakên salebetipun La Galigo taksih ngginakakên aksara rontal kina ingkang botên samudaya tiyang sagêd maos.
La Galigo ngêwrat kathah geguritan babagan paciptan manungsa. Sanèsipun punika ugi cariyos mitos pêng-pêngan ingkang terkadhang taksih kacariyos turun temurun. La Galigo kapitaya kasêrat saderengipun sêrat Mahabarata ingkang kaserat ing India. Wekdal punika sapérangan ageng sêsêratan asli saking La Galigo kawilujêngaken lan kasimpên dhèmês ing Museum Leiden, Walanda.
Saking gangsal pustaka kina karya sastra ing nginggil punika, nêdahakên bilih wangsa kita panci pinunjul ing wanci kawuri. Senadyan kanthi piranti ingkang sarwa winates, para pujangga sagêd ndamêl satunggaling karya ingkang sagêd kawastanan langgeng abadi.
Mugya para wiranèm wanci punika botên supé sintên leluhuripun.
Sagêd nglajêngakên kawijayanipun Nuswantara .
Rahayu Sagung Dumadi ????????
Nusa.com
LEAVE A REPLY