Home Sejarah Indonesia CN- 235 Dulu kebanggan kita bersama

CN- 235 Dulu kebanggan kita bersama

Dirgantara indonesia

244
0
SHARE
CN- 235  Dulu kebanggan kita bersama

Keterangan Gambar : Foto jaman dulu di era presiden suharto

Nusa.com CN-235, montor mabur karya putra bangsa ingkang ndamel bombong manah kita.....
Ngantos dinten menika, PT Dirgantara Indonesia  taksih asring nampi pesenan kangge ndamelaken montor mabur (pesawat terbang) CN-235 saking maneka pihak ing lingkup Indonesia lan ugi manca negari. Ing antawisipun maneka pihak ingkang mesen montor mabur menika, wonten unsur lembaga pamarentahan (angkatan bersenjata, kepolisian, lan kementerian) lan ugi wonten kalangan swasta ingkang umumipun wujud maskapai penerbangan. CN- 235  piyambak mujudaken cekakan (singkatan) saking CASA-Nurtanio.
"Nurtanio" pancen mujudaken nami ing nempel kangge PT Dirgantara Indonesia kala rumiyin. Rikala semanten, perusahaan pesawat terbang kita ingkang manggen ing Bandung pancen nggadhahi nami PT Nurtanio. Rikala semanten PT Nurtanio dipun-pimpin dening almarhum Prof. Dr. Ing. Baharudin Jusuf Habibie (mantan Menteri Riset dan Teknologi lan ugi mantan presiden Republik Indonesia angka 3). Salajengipun, naminipun malih dados PT Industri Pesawat Terbang Nusantara, lan nami paling pungkasan inggih menika PT Dirgantara Indonesia. Ing basa Inggris, PT Dirgantara Indonesia dipun-wastani Indonesian Aviation Industry.
CN-235 mujudaken asil nyambut damel sesarengan (hasil kerja sama) saking kekalih pabrikan montor mabur. Anggenipun nindakaken kanthi cara joint production. Cara ingkang gampil dipun-mangertosi, ing  tembung basa Jawi dialek Pacitan joint production inggih menika cara ndamel montor mabur kanthi cara brandu utawi brandon. CASA ndamel sawetawis komponen lan PT Nurtanio ugi ndamel sawetawis komponen tinamtu.
Babagan menapa nami komponen ingkang dipun-damel kanthi cara brandon menika, kula mboten mangertos persisipun. Nanging, bab mesin kangge CN-235, menawi kula mboten lepat, mesin turbo-propeller utawi mesin kitiran minangka sumber tenaga kangge ngangkat dipun-damel dening General Electric (salah setunggal pabrikan mesin montor mabur saking Amerika Serikat).
Montor mabur ingkang sakawit dipun-rancang minangka pesawat angkut menengah kasebat saged ngamot 35 ngantos 50 penumpang (tamtunipun kanthi modifikasi khusus). Kangge Indonesia lan negari-negari sanesipun ingkang nggadhahi kathah lapangan terbang kanthi kawontenan ingkang mboten patos sae sarta  landhesan ingkang cendhak (kirang langkung 400 meter ngantos 500 meter), CN-235 mujudaken pilihan ingkang paling pantes. Kejawi menika, CN-235 ugi nggadhahi keluwihan teknologis wujud sistem  fly by wire.
Samangke, PT Dirgantara Indonesia sampun kasil masaraken puluhan unit CN-235 dhumateng pasar manca negari lumantar sawetawis versi utawi pengembangan bentuk. Salah setunggal pengembangan bentuk ingkang paling kondhang kangge CN-235 inggih menika versi patroli maritime (maritime patrol aircraft). Saemut kula, wonten ugi CN-235 ingkang dipun-dadosaken pesawat bantuan penanganan bencana alam lan pesawat bantuan Search And Rescue (SAR).
Menapa panjenengan menika pribadi ingkang nembe kasil ing usaha ingkang dipun-tlateni lan dados priyantun ingkang sugih mblegedhu? Menapa panjenengan mujudaken Sultan of Pager Waja, Sultan of Slagahima, Sultan of Danaraja, Sultan of Bandawasa, utawi Sultan of Maja Sanga? Saumpami panjenengan mujudaken Sultan ingkang nembe dados crazy rich, saged mawon panjenengan mundhut 1 unit lan panjenengan pesen kanthi mligi (customized) minangka pesawat pribadi kanthi maneka fasilitas ingkang luxurious and classy.
Prototype utawi purwarupa saking CN-235 dipun-paringi nami "Tetuko" (kedahipun dipun-serat "Tetuka") dening almarhum Pak Harto (Latin Jawi "almarhum Pak Harta"), mantan presiden Republik Indonesia angka 2. Tetuka menika mujudaken nami kangge Raden Gathutkaca nalika piyambakipun taksih wujud jabang bayi lan salajengipun dipun-patah dados jagonipun para dewa ing Kahyangan Jonggring Saloka nalika para dewa kedah ngadhepi pangamuk saking  Prabu Kala Pracona lan Patih Sekipu. Nami jangkepipun inggih menika Jabang Tetuka. Minangka tambahan kawruh mawon, nami Jabang Tetuka namung dipun-sebataken kangge Raden Gathutkaca ing lampahan wayang purwa “Lahire Gathutkaca”.
Ing Bandung, purwarupa CN-235 kangge kaping sepisan mabur ing tanggal 30 Desember 1983 saking bandar udara Hussein Sastranegara (rumiyin dipun-wastani pelabuhan udara Andir). Upacara ingkang lumampah kanthi  sanget agung lan khidmat dipun-leksanani ing dinten kasebat lan dipun-salirani dening almarhum Pak Harto. Pak Harto suwargi  maringi tandha bilih dinten kasebat mujudaken dinten sepisanan CN-235 mabur ing angkasa kanthi nyiramaken toya lan mecahaken kendhi ing perangan irung saking CN-235.
Ing Spanyol, pilot ingkang dipun-patah kangge ngaburaken (menerbangkan) purwarupa CN-235 inggih menika Captain Pilot Guillermo Delgado. Ewadene ing Bandung, pilot ingkang nampi amanah agung kasebat inggih menika Letnan Satu (Penerbang) E. Mursanto.
Upacara kasebat dipun-giyaraken kanthi langsung dening Radio Republik Indonesia lan Televisi Republik Indonesia. Kula yakin sanget, kedadosan menika mujudaken unforgettable memory  kangge penerbang kekalih. Minangka, salah setunggal warga masyarakat Indonesia ingkang nresnani negari kinasih, kula ugi rumaos bombong sanget (bangga sekali). Fly, my plane, fly! Reach the highest limit of sky with your mighty wings…..

Sumber Gambar : ArchivetabloidBintangColora

Nusa.com